Teks (Syi’iran) Habib Syech

DOWNLOAD  MP3 nya

Sholli wasallimdaiman alahmada

wal ali wal ashabi man qad wahhada

Eman wong islam ninggal sholat wengi

saben dalu turu ora gelem tangi

sholat wengi ngono disenengi Gusti

sopo gelem nyuwun pasti diparingi

# yen pengen nyenengne atine kanjeng Nabi

# ayo baren-bareng sregep melu ngaji

# yen atine karep mesti ora nglali

# saben waktu ngaji ora gawe keri

ojo seneng guyon yen waktu ngaji

opo maneh sms mlaku riwa riwi

lungguhe sing anteng rungokno sing titis

ilmu yen manfaat kanggo sangu mati

# klambine you can see utawa press body

# buka aurote ora duwe wedi

# ngunu kuwi podho karo buka wadi

# bakal nrima sikso suk yen wes koe mati

lanang karo wadon podo kluyuran

pamit nang wong tuwo jare pengajian

eh nyatane malah do pacar2an

budhal saka ngaji do bonceng boncengan

# lanang karo wadon manggon sepi sepi

# nganti senggal senggol koyo kebo sapi

# ngono kuwi duso nurut cara nabi

# ojo diterusno yen durung di rabi